Inilah Soal Latihan Ulangan UAS / PAS bidang study Bahasa Jawa Kelas 3 SD pada semester ganjil K13 tahun 2021 dan kunci jawaban yang dapat kalian pelajari.
1. Jinisi wayang kang digawe saka kayu awujud golek nyritakake wong agung menak yaiku wayang …
a. golek
b. kulit
c. beber
d. gedhog
2. Piranti pagelaran wayang antarane kelir kang nggambarake …
a. sangkan paran
b. langit utawa angkasa
c. manungsa
d. sasmitaning urip
3. Kang kalebu Pandhawa lima yaiku …
a. Pandhu, Werkudara, Janaka, Nakula, Sadewa
b. Pandhu, Destrarastra, Janaka, Nakula, Sadewa
c. Yudistira, Destrarastra, Janaka, Nakula, Sadewa
d. Puntadewa, Werkudara, Janaka, Nakula, Sadewa
4. Musuhe Pandhawa ana ing perang Baratayuda yaiku …
a. Bethara Guru
b. Prabu Parikesit
c. Prabu Duryudana
d. Kurawa
5. Bapak menyang Solo numpak motor.
Ukara ing dhuwur menawa didadekake krama inggil yaiku …
a. Bapak tindak Solo numpak motor
b. Bapak tindak Solo nitih motor
c. Bapak menyang Solo nitih motor
d. Bapak nitih motor menyang Solo
6. Kang sinebut Pahlawan Pendhidhikan Nasional yaiku …
a. Pangeran Diponegoro
b. R.A. Kartini
c. Ki Hajar Dewantara
d. Dr. Soetomo
7. Siyasate perang Pangeran Diponegoro mungsuh Walanda kasebut perang …
a. tandhing
b. puputan
c. badar
d. gerilya
8. Kang kalebu cengkorongane pidhato yaiku …
a. tema, pambuka, isi, penutup
b. pambuka, isi, penutup
c. tema, isi, penutup
d. tema, pambuka, penutup
9. Anak ontang anting yaiku anak kang …
a. mung siji lanang utawa wadon
b. papat lanang kabeh
c. wis ora nduwe bapa lan ibu
d. telu wadon ana tengah
10. Tembung-tembung kang nduweni teges padha diarani …
a. kembar
b. dasanama
c. namapada
d. padateges
11. Ing ngisor iki tembang dolanan kang kalebu gagrak lawas, kajaba …
a. Lir-ilir
b. Gundhul-Gundhul Pacul
c. Jamuran
d. Gugur Gunung
12. Dolanan Cublak-cublak suweng biasane ditindakake wanci …
a. esuk ana ing sekolahan
b. awan sakbubare mulih sekolah
c. sore utawa wengi nalika padhang wulan
d. sak wayah-wayah ana ing omah
13. Tembang dolanan jaranan menehi piwulang supaya …
a. sregep sinau ora nangisan
b. kurmat lan santun marang wong kang luwih tuwa
c. seneng tetulung marang sapadha-padha
d. ora mbedak-mbedakake derajate manungsa
14. Gatekna tembang dolanan ing ngisor iki!
Jamuran Jamuran ya gege thok
………………………
Jamur gajih mbejijih sa ara-ara Sira badhe jamur apa
Kanggo njangkepi tembang ing ndhuwur kang trep yaiku …
a. Jamuran ya gege thok
b. Jamur gajih ya gege thok
c. Jamur gajih mbejijih
d. Jamur apa ya gege thok
15. Wong kang pagaweane ngrumat pasarean diarani …
a. pramuwisma
b. juru mudhi
c. juru kunci
d. juru ruwat
16. Aksara Jawa nglegena cacahe ana …
a. 18
b. 16
c. 20
d. 22
17. Kang diarani aksara Jawa nglegena yaiku …
a. aksara lugu nganggo sandangan
b. aksara lugu tanpa sandangan
c. aksara Jawa nganggo sandangan
d. aksara Jawa komplit sak sandangan
18.
Aksara Jawa ing dhuwur iku unine …
a. kata tanya
b. kaya raya
c. kata maya
d. kaya maya
19. “Laga” yen ditulis nganggo aksara Jawa dadi …
20. Ing ngisor iki kang kalebu tembung andhahan yaiku …
a. laku
b. turu
c. nyilih
d. lunga
*ISIAN SINGKAT
1. Wong kang nglakokake wayang diarani …
2. Pambarepe Pandhawa yaiku …
3. Basa Kramane Tembung Mangan yaiku …
4. Miyose Bung Tomo ana ing kutha …
5. Dasanamane bapak yaiku …
6. Pahlawan kang merjuangke emansipasi wanita yaiku …
7. Lumrahe isine tembang iku negmot …
8. Wong kang panggaweane natah watu diarani …
9. Miturut crita Aji Saka aksara Jawa hanacaraka tegese …
10. Tembung “bebarengan” linggane …
*JAWAB SINGKAT
1. Sapa ramane para Pandhawa?
2. Kepriye watake Raden Werkudara?
3. Ukara iki dadekna krama inggil “Simbah lanang loro sikil esuk mau”!
4. Sebutna 3 wae tembang dolanan gagrag anyar!
5. Tulisen nganggo aksara jawa “ana cara”!
Demikian Contoh Soal UAS Bahasa Jawa Kelas 3 SD Semester 1 Kurikulum 2013 dan Kunci Jawaban yang dapat kami berikan semoga bermanfaat buat kalian yang akan menghadapi Ulangan Akhir Semester Ganjil 2020/2021.
Download soal dan kunci jawaban UAS Bahasa Jawa pada Kelas 3 SD di Semester 1 k13 pada link berikut ini :
>>>>Soal PAS Bahasa Jawa Kelas 3 SD<<<<
>>>>Kunci Jawaban Bahasa Jawa Kelas 3 SD<<<<